Selasa, 09 Agustus 2011

Dhandhanggulo 1

Wonten pandhita ingkang paring wangsit
Mindha kombang ana satriya ing tawang
Susuhane ngendi nggone
Pan sarwi galih kangkung
Kusumane langit njuladri
Isine wuluh wungwang
Gigir ira pulau
Tapake kuntul mlayang
Peksi mabur uluke anurut langit
Kuda ngerap ing pandengan

Dhandhanggulo 2

Gusti kula ingkang paring wangsit
Banyu kembang mabyor ing tawang
Susuh angin ngendi nggone
Golekana galihe kangkung
Kusumane langit njuladri
Wong tumpineng bumbung wungwang
Wonten pundi pernahipun
Sinimpen ing buwana
Weruhana ingkang sayekti
Dumunung ing cakrawala