Selasa, 15 Januari 2013

BUDOYO JOWO TIMURAN


Budaya Jawa Timuran

Suroboyo kaline banjir cak,
miline gak ngetan,ngidul ngulon tapine ngalor,
gak sah jero-jero cak nggone peno mikir
sembarang kalir wis ono sing ngatur.

ono ... carito   pahlawan..jenenge Bung Tomo,
gemontang swarane ngebaki nuswantara
wajibe sekolah kudu sinauo
uga nglestarekake kabudayan jawa

kidung...
surabaya kaline banjir
ojo sumelang yen ra dipikir,
Aku nulis mung nunut mampir
ngembangno budaya supaya kelir.

ana uga caritane wong jawa dik...
jaman makuno-kuno moyange dhewe saka tlatah cempa
dek jaman perjuangan biyen jowo dwipo,manduro,cempo,india
 kabeh melu ngemban saperlu nggayuh merdiko
amrih bersatu nuswantara
bareng-bareng mbudidaya adeg negara Indonesia merdika

mboke,.......pakeee,....mbah buyut,..... leluhurku kabeh aku..... ewang-ewangono      !
ojo trimo telung atus seket tahun dikudapeksa dening walondo

mhah buyut,.... mbah canggah,.... mbah wareng,.....aku tulungono...........!
ojo trimo telung tahun setengah diapusi nipon.

wahai para konco-konco podho waspadakno,
saiki titi wancine
suket padha thukul
gegodhongan padha semi
gegremetan padha aprung
sakehe kewan padha manak
sakehe manuk padha abur 
wayahe saiki NKRI tegak berdiri
diatas kaki sendiri

nembang...

suroboyo, suroboyo oh suroboyo
kota kenangan  2x
tak kan ku lupa
disanalah 2 x disuroboyo
kita berjuang 2 x
...................................