Manunggaling Kawula Gusti/Tauhid
Uripe sholawat Alohuma solingala Muhammad: Artinya: “Ya Allah, limpahkanlah rahmat-Mu kepada baginda Muhammad
Yo mesti wae RahmadKu melimpah/ mudun/ manjing dadi siji marang jeng siro Muhammad , awit Siro iki Dhohir Ku yo Wujud Ku dewe .
AKU YO KOWE , KOWE YO AKU
Sejatine sing nyembah lan sinembah yo 1 siji.
nanging yen metu Mawujud pecah dadi 7 pada rupa.yen siro butuhake.
Yen wis siro mangerteni lan sadari kabeh bakal mbiyantu marang jeneng siro
Pitu pituning atunggal iku sing diarani sak temene manungsa * manungsa Sejati*
Artinya: “Ya Allah, limpahkanlah rahmat-Mu kepada baginda kami Nabi Muhammad dan keluaga Baginda Nabi Muhammad,"
Baginda Muhammah dan keluarga baginda Muhammad adalah;
a. Sinembah / Allah; Tritunggale Raga Nyawa Sukma telu telune atunggal , kembar 3 pada rupane.
b. Panembah baginda Muhamad lan Sedulur kang lahir bareng sedino yaiku ; Kawah, Ari ari, Rah Putih , Rah Abang kang lungguh ana ing kiblat 4 ; wetan putih, kidul abang, kulon kuning, lor ireng.
Catur tunggal papat papating atunggal podo rupa beda warno.
Bisa uga jleger 7 (pitu) pada rupa yen wis sempurna, apa wae kang tinindakke laku jantrane kabeh pada , mangan siji mangan kabeh, rokokan siji rokokan kabeh.
Urip manunggal yaiku rentetane evolusine awit dumati nganti tekan titi wanci;
Sangkan paraning dumadi yaiku ; Aku awal akhir.
Pengeran katon iku bapa lan ibumu dewe.
Proses awal ketemune darah putih saka bapa, darah merah saka biyung, sabanjure Aku Ruh-Ku mlebu marang ponang jabang bayimu sing ana alam Mas Kumambang ana jero kandutan biyung, terus mijil metu saka kangkangan ibumu, Sinom , nom nomanmu, Kinanthi masa puber, Asmorondono jatuh cinta, Gambuh nikah kawinmu, dhandhanggula wayah enak enakanmu, Durma wayah siro darma sodakohmu marang sapada pada, pangkur wayahe kurange daya tenagamu wis rada mungkur, Megatruh Ruh pegat saka ragamu. sebab ditinggalne nyawa utawa ambekanmu, Pucung ditali 3 pocong , telung perkara raga nyawa sukma dadi siji balik sampurna maring Ngarsa-Ku
Iki sing diarani Aku awal lan Akhir*
Ing pangerten Jawa Dununge Uriping manungsa sinamar ana ing tembang Macapat kasebut ing ngisor iki, ya kang kabebet ing nduwur
Tembang , kembang, Sekar Macapat diwaca papat papat yaiku ;
1. Maskumambang,
2. Mijil,
3. Sinom,
4. Kinanthi,
5. Asmaradana,
6. Gambuh,
7. Dhandanggula,
8. Durma,
9. Pangkur,
10. Megatruh lan
11. pucung.


