Sabtu, 27 Juli 2024

URIP MANUNGGAL

 Manunggaling Kawula Gusti/Tauhid 


Uripe sholawat Alohuma solingala Muhammad: Artinya: “Ya Allah, limpahkanlah rahmat-Mu kepada baginda Muhammad 

Yo mesti wae RahmadKu melimpah/ mudun/ manjing dadi siji marang jeng siro Muhammad , awit Siro iki Dhohir Ku yo Wujud Ku dewe .

AKU YO KOWE , KOWE YO AKU

Sejatine sing nyembah lan sinembah yo 1 siji.

nanging yen metu Mawujud pecah dadi 7 pada rupa.yen siro butuhake.


Yen wis siro mangerteni lan sadari kabeh bakal mbiyantu marang jeneng siro


Pitu pituning atunggal iku sing diarani sak temene manungsa * manungsa Sejati*


Artinya: “Ya Allah, limpahkanlah rahmat-Mu kepada baginda kami Nabi Muhammad dan keluaga Baginda Nabi Muhammad,"

Baginda Muhammah dan keluarga baginda Muhammad adalah; 


a. Sinembah / Allah;  Tritunggale Raga Nyawa Sukma telu telune atunggal , kembar 3 pada rupane.

b. Panembah  baginda Muhamad lan Sedulur kang lahir bareng sedino yaiku ; Kawah, Ari ari, Rah Putih , Rah Abang kang lungguh ana ing kiblat 4 ; wetan putih, kidul abang, kulon kuning, lor ireng.

Catur tunggal papat papating atunggal podo rupa beda warno.


Bisa uga jleger 7 (pitu) pada rupa yen wis sempurna, apa wae kang tinindakke laku jantrane kabeh pada , mangan siji mangan kabeh, rokokan siji rokokan kabeh.


Urip manunggal yaiku rentetane evolusine awit dumati nganti tekan titi wanci;

Sangkan paraning dumadi yaiku ; Aku awal akhir. 


Pengeran katon iku bapa lan ibumu dewe.

Proses awal ketemune darah putih saka bapa, darah merah saka biyung, sabanjure Aku  Ruh-Ku mlebu marang ponang jabang bayimu sing ana alam Mas Kumambang ana jero kandutan biyung, terus mijil metu saka kangkangan ibumu, Sinom , nom nomanmu, Kinanthi masa puber, Asmorondono jatuh cinta, Gambuh nikah kawinmu, dhandhanggula wayah enak enakanmu, Durma wayah siro darma sodakohmu marang sapada pada, pangkur wayahe kurange daya tenagamu wis rada mungkur, Megatruh Ruh pegat saka ragamu. sebab ditinggalne nyawa utawa ambekanmu, Pucung ditali 3 pocong , telung perkara raga nyawa sukma dadi siji balik sampurna maring Ngarsa-Ku

Iki sing diarani Aku awal lan Akhir*

Ing pangerten Jawa Dununge Uriping manungsa sinamar ana ing tembang Macapat kasebut ing ngisor iki, ya kang kabebet ing nduwur 


Tembang , kembang, Sekar Macapat diwaca papat papat yaiku ;

1. Maskumambang, 

2. Mijil, 

3. Sinom, 

4. Kinanthi, 

5. Asmaradana, 

6. Gambuh, 

7. Dhandanggula, 

8. Durma, 

9. Pangkur, 

10. Megatruh lan 

11. pucung.

 

     

SANG HYANG ANONTO BOGA NGENDIKA

SANG HYANG HANONTOBOGA NGENDIKA


 WIS PARING WAREG WADHUKE WONG SANG JAGAD RAYA.

SING DADI KUCIWO PODO ORA NGERTI MERGO. 

PODO BUDHEG LAN TULI ORA MANGERTENI. 

 PODO PICEK ORA NGAWERUHI 

PODO MELEK O MATAMU 

PODO KOROKONO KUPINGMU 

PODO RASAKNO TELENGING ATIMU. 

PODO NYUWOROA JURANG GRAWHMU. 

OJO NGANTI NGUCIWAKNO LABUH LABETKU 

PODO MIKIRO UTEKMU AMRIH LUMINTUNE URIP PANGURIPAMU. 

OJO PURA PURA PICEK 

OJO PURA PURA BUDHEG 

OJO PURA PURA ORA KROSO ATIMU 

OJO PURA PURA NGLALI PIKIRAMU 

PODO ELINGO LAKU LAMPAH OPO SING WAJIB SIRO BEKTI LAKONI. 

TUMRAPE IBU PERTIWI

RASA


" RASA ":

RASA GURIH LEGI ASIN (ENAK) 
PAHIT GETIR SEPET (ORA ENAK) 
RASA NJOBO 
(Manggon ana ing pancadriya pangecap). 

RASA NJERO RASA SENENG (ENAK)
RASA SEDIH (ORA ENAK) 
(Manggon ana ing Ati)

 RASANING SURGA* 
( LEGI GURIH ASIN LAN SENENG ) 

RASA NERAKA 
( PAHIT GETIR SEPET LAN SEDIH ) 
Sakabehing rasa mau ana. kanggo njangkepi panguripan. 

Sapa sing nggawe rasa ? 
Yo HURIP iku dewe. mula isine jagad ya rong perkara sarwa wolak walik. 

 Mula rasakna HURIPMU kanthi cipta, tata, titi kang titis kanthi nggulawentah utawa memberdayakan RASA mau. 


BEBASANING HURIP KAYA AYANG AYANG / GAMBARAE WAYANG


 AUM SWANTI ASTU AUM. 
TRONTHONG TRONTHONG JAGAD WETAN KAYA KAYA JAGAD KULON. 
HENENGGIH NEGARI PUNDI TA, NEGARA INGKANG KAGINGAN AJI DASA PURWA. MINANGKANI DASA SEPULUH PURWO WIWITAN. 
PENI PENI RAJA PENI GURU BAKAL GURU DADI 

HANGWIWITI ADEK ISTANA RAJA INGKANG SAMPUN WONTEN KRATONIPUN. 
KRATON INGKANG SAMPUN DIPUN LENGGAHI NALENDRA GUNG BINATHARA. HANENGGIH JEJULUK SANG PRABU SUGRIWA INGKANG KAAMPING PUN RAYI RADEN SUBALI 

DASAR PARA NYATA SANG PRABU SUGRIWA DAPUK MADEK JEJEG NARENDRANE REWONDA KANG KADASARAKEN AJI AJI JI SIJI AJIMAT SEPULUH SEPULUHING ATUNGGAL 

10 SIJI KOSONG KANG NGLAMBANGAKEN HURIP ANANING SIJI KOSONG , 
KOSONG SIJI ANANING SUWUNG KANG KAISI DADI ISI HANENGGIH DASA PURWA. MANUNGGALING 10 TRAH BATHARA DADOS SETUNGGAL. 
SEPULUHING ATUNGGAL. 

KOCAP KACARITA NEGARI PONCOWATI DENDO INGKANG MISUWUR KONDHANG SAINDHENGING JAGAD. 

WAUTO.... JLEGER SANG NARENDRO SUGRIWO KADAMPING ADHI SUBALI LENGGAH WONTEN KURSI GADHING DHAMPAR KENCONO, INGKANG TANSAH SINANDHING WIDODARI, 

SINAMDHING KAUTAMAMING SWURGA LOKA. 

PENI PENI RAJA PENI GURU BAKAL GURU DADI PITIK IWEN RAJA KAYA KEBO SAPI JARAN LAN SAPANUNGGALANE
PADHA MAPAN PANGGONANE DEWE DEWE. 

KAUTAMANING KRATON TANSAH AYEM TENTREM JENJENG PERMANEM REP SIREP SIDEM ADEM PERMANEM TAN ANA SABAWANE WALANG KUMISIK. 

PRASASAT NEGRI INGKANG GEMAH RIPAH LOH JINAWI.KERTO RAHARJO, 
PANJANG KAPONCARANE, 
PUNJUNG KAWEKASANE .

KUNTO WEKASING RASA

 KUNTO WEKASING RASA.


SUKMA KAWEKAS

SUKMA SEJATI 

SUKMA LANGGENG


MLEBU MARANG ALAMING KADEWAN

NEMBUS LANGIT PITU

MUNGGAH SIDRATUL MUNTAHA

ALAME ALLAH

KANG GANDENG RENTENG DADI SIJI

ARAN MANUNGGALING SUKMA KAWEKAS

LAKUNING SUKMA SEJATI

LEREME SUKMA LANGGENG


NYAWIJINING RASA SEJATI

GUMBULE AHMAD MOHAMAD RASUL YO KARAN INGSUN 


SEJATINING URIP LANGGENG

SUKMO KAWEKAS SUKMO SEJATI SUKMO LANGGENG IKU URIPING DAYA LAKUNING RASA TINDAK TANDUKE RAGA KEKUATANING UTAMA


HYANG MOHO SUCI MAHA AGUNG

MANUNGGAL DADI SIJI JRONING BADAN ROGO.(MANUNGSO SAMPURNO) 


DAYA KEKUATAN LINUWIH

JAYA SEMBADA DIKDAYA

SUGIH TAN KENA ING MLARAT

CUKUP TAN KENA ING CUPET

UNGGUL TAN KENO ING TANDING

MISUWUR TAN KENO ING SURUT

MONCAR LANGGENG 

KADYO AGNI SURYO SUCI 

SUMILIR KADYO BAYU SUCI AJI

ADEM KADYO TOYA PERMANA JATI

AYEM TENTREM KADYO BANTALA PERTIWI SUCI

SARINE DADI SIJI KANG TANSAH GEMATI PERMATI NYAWIJI

TLITI JRONING MANEGES INTI ISI.

LUNGGUH JEJEG JRONING TELENGING ATI SUCI SEJATI.

RAHAYU GEMERICIKE RUH TOYA SUCI TANSAH OBAH MANCUR KARANA DAYA EVOLUSI

HURIP WUJUD ADIL TENTREM.

..........


SUKMA

SUKSMA KAWEKAS LAHIRE BAYI. 
SUKMA SEJATI, MANUNGSA NGLAKONI URIP 
SUKMA LANGGENG MANUNGSA SAMPURNA. 

 TELENGING BUMI 

TELENGING SAMODRA 

TELENGING ANGKASA. 

MANGGON ANA TELENGING ATIMU KANTHI RASAMU. 

KARSA RASA CIPTA GURU SEJATI IKU WUJUDMU DEWE SING CILIK UTAWA ALUS . 


DEWA RUCI/ RAHASIAKU IKU ALUSKU 

YEN SIRA KETEMU GURU SEJATI DEWA RUCI SANAJAN CILIK SIRO BISA MLEBU LEWAT KUPING PANGRUNGONKU YO PANGRUNGONMU SING TOK KRUNGONI SING ISO NJLENTREHAKE SAKABEH ISINE JAGAD, 

KABEH ONO NJERONE/ WETENGKU. 
MULO KABEH SING MLEBU TELENGING ATI BISA NGRAMPUNGI PAKARYAN SAKELIR AWIT IKU SEJATININGSUN. 

WELAS ASIH IKU LAKUMU SEBAB AKU DEWE SING ONO KONO DADI SIFAT UTAMAKU SEBAB WELAS ASIH SIFATKU DEWE SING PALING UTAMA 

SANAJAN CILIK GEDENE SAK MRICO PARIBASANE NANGING YEN DIGELAR NGEBAKI JAGAD.

IKI PANGERTEN. MULA KASEBUT MANUNGSA/ WONG NGERTI/ WONG PINTER. 

AMIT PASANG KALIMAN TABI IKU SUBO SITAMU MARANG KABEH SING ANA IKI. 

KALIMAN TABI IKU MANUNGGALING INGSUN TELU DADI SIJI KARO SEDULURMU PAPAT ( KALIMA LIMANING ATUNGGAL) 

ATEGES KOWE AMIT SEWU MARANG DULURMU 4 LAN PANCER YO AKU SEBAB IKU KABEH YO AKU. 

 SIRO ORA ONO YEN ORA ONO JENENG INGSUN 

PAWONGAN SING WIS SAMAR SEMAR YO SEJATININGSUN. 

KABEHING PERKARA WIS TAK KUWASAKNA MARANG JENENG SIRO SEMAR. MULO SAKTINE DIKDAYANE NGEDAP ADAPI.