Sabtu, 08 Februari 2014

sekar semawur





SEKAR SUMAWUR
 






ATUR PAMBAGYO WILUJENG DUMATENG TAMU TEMANTEN

Assalamu’alaikum wr wb.
Kula nuwun !
            Para pinisepuh kasepuhan ingkang satuhu  kula bekteni. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu begya mulya. Mugi rahayu saha sih  welasaning Pangeran ingkang Maha  Welas  Maha Asih. saha angsala sagunging karahayon, karaharjan, kabegjan, kawilujengan  mugi konjuk dumateng para tamu sedaya.
            Mboten kesupen salawat saha salam kunjuk dumateng  junjungan Nabi Besar Muhammad  Saw ingkang sampun pareng pepadang dumateng manah kula panjenengan sedaya

            Kawula nuwun ! Keparenga kula sumela atur ,  nggempil kamardikan panjenengan sekaliyan, rikala sawek sekeco pangandikan. Kula minangka  talanging basa, kula matur minangkani pamundhutipun ingkang kagungan hajat saha niat.
Ingkang sepindhah ; ngaturaken sewu syukur Alhamdulillah ing Gusti ingkang adamel  gesang dene hajatipun Bapak  SLAMET RIYADI  anggenipun gadhah damel  dhaupaken putri ingkang peparap ARI SUSANTI sampun kalampahan daup kaliyan ISWAKA  rikala  dinten SABTU  PAING tanggal 26  April 2003 kanthi wulujeng nir ing sambikala.

Kaping kalihipun, Bapak /Ibu  SLAMET  RIYADI sabrayat  saking bungahipun manah ngaturaken pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa -pindhan katur para rawuh sadaya  ingkang sampun kersa ngrawuhi saperlu paring berkah pangestu wilujeng dumateng sri penganten sekaliyan sumrambah dumateng sanak sederek sedaya.

            Boten kesupen Bapak /Ibu  SLAMET RIYADI  sak keluwarga ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sanak sederek,  lan para mitra, tangga tepalih, saha para muda – mudi sedaya ingkang sampun kanthi lila leganing manah paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud penapa kemawon.

            Sarehning Bapak / Ibu  SLAMET  RIYADI  boten saget ngaturi piwales punapa punapa, sagetipun namung ngaturaken pudya pudyastuti mugi- mugi  angsala sih kautaman panjenengan sedaya saking ngarsanipun Pengeran sarta angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel – tikel.

            Kaping tiganipun  Bpk/ Ibu  SLAMET  RIYADI  nyuwun sih panarima panjenengan sadaya kersaa paring berkah pangestu puja pangastuti mugi-mugi sri penganten sekalian sageta  ngleksanani kekudanganipun para pinisepuh sedaya.  Sageta penganten sekalian anut runtut, dumugine kaken-kaken , ninen-ninen rahayu widodo  kalis ing sambikala, tuwin enggal angsala momongan putra utawi putri ingkang bekti dumateng Allah SWT , bekti dumateng rama ibunipun , lan para pinisepuhipun, sageta mikul duwur mendhem jero labuh labet dateng negari, lan bangsanipun murakabi dumateng bebrayan agung.

            Kaping sekawanipun mbok bilih wonten kiranging trapsila susila anggenipun ngacarani, para sanak sederek ingkang tinaggenah among tamu   saha kirang mrananani anggenipun mapanaken palenggahan, saha anggenipun nyaosaken pasugatan, kersaa para tamu anglunturaken samudra pangaksami.

            Ing wasana para tamu kasuwun kaparenga  anglajengaken lelenggahan saha murakabi sedaya pasugatan  ingkang sampun cumawis ngantosa dumugi  paripurnaning  acara punika.

            Minangka pinutuping atur , mbok bilih  anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya wara ,punika kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsilaning anggen kula matur kersaa para tamu anglunturaken samodra pangaksama.

            Akhirukalam, bilahit taufik wal hidayah waridho wal inayah  wassalamu ‘alaikum wr wb.

            Nuwun.



   Pengracik ukara

K A R N O  DI PO




SEKAR SUMAWUR
 





ATUR PAMBAGYO WILUJENG DUMATENG TAMU TEMANTEN

Assalamu’alaikum wr wb.
Kula nuwun !
            Para Pepunden ,para pinisepuh kasepuhan ingkang satuhu  kula bekteni. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu begya mulya. Mugi rahayu saha sih  welasaning Pangeran ingkang Maha  Welas  Maha Asih. saha angsala sagunging karahayon, karaharjan, kabegjan, kawilujengan  mugi konjuk dumateng para tamu sedaya.
            Mboten kesupen salawat saha salam kunjuk dumateng  junjungan Nabi Besar Muhammad  Saw ingkang sampun pareng pepadang dumateng manah kula panjenengan sedaya

            Kawula nuwun ! Keparenga kula sumela atur ,  nggempil kamardikan panjenengan sekaliyan, rikala sawek sekeco pangandikan. Kula minangka  talanging basa, kula matur minangkani pamundhutipun ingkang kagungan hajat saha niat.
Ingkang sepindhah ; ngaturaken sewu syukur Alhamdulillah ing Gusti ingkang adamel  gesang dene hajatipun Bapak  JUMARI  anggenipun gadhah damel  dhaupaken putro ingkang peparap BAGUS DEDI EKO PRIYANTO sampun kalampahan daup kaliyan RORO AYU PIPIT WAHYUNINGTYAS  rikala  dinten JUMAH  PON  tanggal 8 SEPTEMBER 2006  kanthi wulujeng nir ing sambikala.

Kaping kalihipun, Bapak JUMARI saha IBU SUKARNIATI  sabrayat  saking bungahipun manah ngaturaken pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa -pindhan katur para rawuh sadaya  ingkang sampun kersa ngrawuhi saperlu paring berkah pangestu wilujeng dumateng sri penganten sekaliyan sumrambah dumateng sanak sederek sedaya.

            Boten kesupen Bapak JUMARI saha IBU SUKARNIATI sak keluwarga ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sanak sederek,  lan para mitra, tangga tepalih, saha para muda – mudi sedaya ingkang sampun kanthi lila leganing manah paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud penapa kemawon.

            Sarehning Bapak JUMARI saha IBU SUKARNIATI boten saget ngaturi piwales punapa punapa, sagetipun namung ngaturaken pudya pudyastuti mugi- mugi  angsala sih kautaman panjenengan sedaya saking ngarsanipun Pengeran sarta angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel – tikel.

            Kaping tiganipun Bapak JUMARI saha IBU SUKARNIATI nyuwun sih panarima panjenengan sadaya kersaa paring berkah pangestu puja pangastuti mugi-mugi sri penganten sekalian sageta  ngleksanani kekudanganipun para pinisepuh sedaya.  Sageta penganten sekalian anut runtut, dumugine kaken-kaken , ninen-ninen rahayu widodo  kalis ing sambikala, tuwin enggal angsala momongan putra utawi putri ingkang bekti dumateng Allah SWT , bekti dumateng rama ibunipun , lan para pinisepuhipun, sageta mikul duwur mendhem jero labuh labet dateng negari, lan bangsanipun murakabi dumateng bebrayan agung.

            Kaping sekawanipun mbok bilih wonten kiranging trapsila susila anggenipun ngacarani, para sanak sederek ingkang tinaggenah among tamu   saha kirang mrananani anggenipun mapanaken palenggahan, saha anggenipun nyaosaken pasugatan, kersaa para tamu anglunturaken samudra pangaksami.

            Ing wasana para tamu kasuwun kaparenga  anglajengaken lelenggahan saha murakabi sedaya pasugatan  ingkang sampun cumawis ngantosa dumugi  paripurnaning  acara punika.

            Minangka pinutuping atur , mbok bilih  anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya wara ,punika kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsilaning anggen kula matur kersaa para tamu anglunturaken samodra pangaksama.

            Akhirukalam, bilahit taufik wal hidayah waridho wal inayah  wassalamu ‘alaikum wr wb.

            Nuwun.


   Pengracik ukara

K A R N O  DI PO






RENCANA ACARA

RESEPSI PERNIKAHAN

BAGUS DEDI  EKO PRIYANTO  lAN RARA AYU PIPIT WAHYUNINGTYAS
Surabaya, 9 September 2006

1.    KIRAP TEMANTEN
2.   SUNGKEMAN / DULANG-DULANGAN
3.   ATUR PAMBAGIO
4.   SERAH TEMANTEN PUTRI
5.   PENERIMAAN PIHAK LAKI-LAKI
6.   DO’A
7.   ISTIRAHAT PENUTUP.
































1.    KIRAP TEMANTEN
Ooooong cumlorote kembang wijoyo kusuma.
Hong wiheng sekaring bawono langgeng, trontong-trontong jagat wetan kaya-kaya jagat kulon ,katon indahing swasana muncar muruping kartika reduping rembulan ndadari ,semilire bayu lan asrine swasana mulyo , kabeh angiringi kontape para temanten kekalih anggen ira miwiti urip bebrayan agung kang dihiasi  gumebyare kembang  sakjagat. lan diiringi dampyak-dampyake para kadang sutrisno kang podho andum kabahagyan 
TEMANTEN KAKUNG ketingal gagah prakosa lan wibawa kadyo raden Kumojooyo  tumurun .Dene TEMANTEN  PUTRI kadyo Dewi Ratih mangjawantah. anenggih widodari kayangan kang mandhap wontening ngarco podo. Dasar ayu manis  cahyane kadyo ndaru,irunge mbangir,godeknya mangudup turi, cundhuke sekar melati, idepe pinungging rawit, ucape arum amanis, eseme gebyare kilat,busanane sutro diwongga, lembehane mblarak sempal, mlakune lengket-lengket koyo macan luwe. Katon indahe saengga sapa wae kang ndeleng podho kesengsem lan ngelek idu.

Ooooong cumlorote kembang wijoyo kusuma urip langgeng tankena ing pati.  Ooooong eeeeng swarane bende beri.

Kontape para wadyo bolo ingkang sami anyekseni anenggih  puniko para kadang sutrisna ugi Para pinisepuh, para priyayi agung , Para kadang muda taruna kakung saha putri sedoyo sami anyekseni  kabahagyan temanten kekalih ingkang lampahipun sajak manem grama . ingkang dipun emban lan dipun indit dening bapa biyung iro. Dipun tuntun  Mlampah tumuju pucuking pasewagan. Badhe anglenggahi kursi Gadhing Dhampar Kencana  jumeneng nalendra adek projo lan ratu  sedina.

Ingkang dipun  iringi  alunan swanten gamelan ngalungkung ugi gendhing lan tetembangan  ingkang kalaras nreyuhaken penggalih.

KEMBANG ADAS
SEDEP GANDANIRO KONGAS…….
IKU RADEN YEN JANMO O O O
SARANA KANGGO ING KARYA

LINTANGE SUMEBAR ING LANGIT PATING GELOBYAR
ORA ANA MEGA ORA ANA MENDUNG
REMBULANE NGEGLO SAK DHUWURE  GUNUNG
SASAT RATU SINING WOKO
LINTANG SEWU PADA NGEGLO- Ngeglo







2.   SUNGKEMAN
RAMA IBU PUN PUTRA KEKALIH  nyuwun pangapunten ibu….
Awit kulo alit ngantos dumugi gedhe dewasa menika kathah cicip salah kula dumateng rama ibu.
Sameniko kawula sampun angawiti anggen kula badhe bebrayan somah,mugio rama ibu paring palilah dumateng kula kekalih supados anggen kula mlampah ngudi kautaman wonten jagat raya menika angsal berkahing Gusti Kang Murbeng dumadi. Rama ibu kula nyuwun pangestu rama ibu.


YA YA ngger anakku sakloron rama ibu paring palilah marang kowe kabeh disekseni para tamu kang melu kebak katresnan lan kabahagyan ngger .
Muga Gusti Kang Akaryo Jagat paring kamukten marang kowe kabeh, ora kurang sandang, pangan , bagya mulyo,supaya anggonmu bebrayan  nganti kaken-kaken ninen-ninen ora ana bebaya apa-apa lan uga kalis nir ing sambikala yo ngger.
Inggih rama ibu ………….

3. Rikala  sawek lenggah wonten ing  kursi Gadhing Dhampar Kencana.
    Anenggih  temanten kekalih sameniko sampun jumeneng wonten kursi gadhing dhampar kencana , amiwiti lenggah jumeneng nata praja lan adek ratu sadino. Lan nembe ngraosaken bagyo mulyo . indahing swasana ingkang tanpa kiniro.
Temanten kekalih awit ngrenda katresnan,kebak bungahing manah, renaning penggalih, ingkang dipun sebari mabyore kembang  sejagat kang sumebar arum gandanyo.

Jagad dewa bathoro…………
Kakang Mas Bagus Dedi Eko Priyanto gantilane atiku, kawulo rumaos manah kula kebak katrisnan dumateng panjenengan kakang mas…….. Ngantos raos ipun awit saking pucuking rikma  ngantos pucuing kuku raos eeenake kakang mas………

Iyo – yo dhi ajeng rara ayu pipit wahyuningtyas, aku semono uga ,rasane manah pun kakang yo kebak katresnan marang pun adhi kang tanpa ana batese. Mugo Gusti Kang Murbeng dumadi ngijabahi lan paringo kebahagyan iki langgeng saklawase yo dhi .

YEN ING RACI ANA JOKO MAS DEDI
PIPIT NGENTENI TEKAMU
NANGING SAIKIWIS NYOTO
KOWE DADI SISIHANKU
    DEK DINOJUMAT  PASARAN PON ..MAS
    PENGULU LAN PARA WONG TUWO
KABEH WIS SETUJU
AKU TRESNA SAK LAWASE YO KAKANG
IMBANGONO KATRESNANKU.

Nuwun –nuwun para kadang sutrisna mekaten mugi andadosaken kawigaten panjenengan sesami nuwun.


















































udin

SEKAR SUMAWUR

 




ATUR PAMBAGYO WILUJENG DUMATENG TAMU TEMANTEN

Assalamu’alaikum wr wb.
Kula nuwun !
            Para Pepunden ,para pinisepuh kasepuhan ingkang satuhu  kula bekteni. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu begya mulya. Mugi rahayu saha sih  welasaning Pangeran ingkang Maha  Welas  Maha Asih. saha angsala sagunging karahayon, karaharjan, kabegjan, kawilujengan  mugi konjuk dumateng para tamu sedaya.
            Mboten kesupen salawat saha salam kunjuk dumateng  junjungan Nabi Besar Muhammad  Saw ingkang sampun pareng pepadang dumateng manah kula panjenengan sedaya

            Kawula nuwun ! Keparenga kula sumela atur ,  nggempil kamardikan panjenengan sekaliyan, rikala sawek sekeco pangandikan. Kula minangka  talanging basa, kula matur minangkani pamundhutipun ingkang kagungan hajat saha niat.
Ingkang sepindhah ; ngaturaken sewu syukur Alhamdulillah ing Gusti ingkang adamel  gesang dene hajatipun Bapak  JUMARI  anggenipun gadhah damel  dhaupaken putro ingkang peparap BAGUS AGUNG PAMUNGKAS sampun kalampahan daup kaliyan RORO AYU ISNIARTI  rikala  dinten SELOSO PON  tanggal 29 JULI 2008  kanthi wulujeng nir ing sambikala.

Kaping kalihipun, Bapak UDINsaha IBU KALIMAH sabrayat  saking bungahipun manah ngaturaken pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa -pindhan katur para rawuh sadaya  ingkang sampun kersa ngrawuhi saperlu paring berkah pangestu wilujeng dumateng sri penganten sekaliyan sumrambah dumateng sanak sederek sedaya.

            Boten kesupen Bapak UDIN saha IBU KALIMAH sak keluwarga ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sanak sederek,  lan para mitra, tangga tepalih, saha para muda – mudi sedaya ingkang sampun kanthi lila leganing manah paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud penapa kemawon.

            Sarehning Bapak UDIN saha IBU KALIMAH boten saget ngaturi piwales punapa punapa, sagetipun namung ngaturaken pudya pudyastuti mugi- mugi  angsala sih kautaman panjenengan sedaya saking ngarsanipun Pengeran sarta angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel – tikel.

            Kaping tiganipun Bapak UDIN saha IBU KALIMAH nyuwun sih panarima panjenengan sadaya kersaa paring berkah pangestu puja pangastuti mugi-mugi sri penganten sekalian sageta  ngleksanani kekudanganipun para pinisepuh sedaya.  Sageta penganten sekalian anut runtut, dumugine kaken-kaken , ninen-ninen rahayu widodo  kalis ing sambikala, tuwin enggal angsala momongan putra utawi putri ingkang bekti dumateng Allah SWT , bekti dumateng rama ibunipun , lan para pinisepuhipun, sageta mikul duwur mendhem jero labuh labet dateng negari, lan bangsanipun murakabi dumateng bebrayan agung.

            Kaping sekawanipun mbok bilih wonten kiranging trapsila susila anggenipun ngacarani, para sanak sederek ingkang tinaggenah among tamu   saha kirang mrananani anggenipun mapanaken palenggahan, saha anggenipun nyaosaken pasugatan, kersaa para tamu anglunturaken samudra pangaksami.

            Ing wasana para tamu kasuwun kaparenga  anglajengaken lelenggahan saha murakabi sedaya pasugatan  ingkang sampun cumawis ngantosa dumugi  paripurnaning  acara punika.

            Minangka pinutuping atur , mbok bilih  anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya wara ,punika kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsilaning anggen kula matur kersaa para tamu anglunturaken samodra pangaksama.

            Akhirukalam, bilahit taufik wal hidayah waridho wal inayah  wassalamu ‘alaikum wr wb.

            Nuwun.


   Pengracik ukara

K A R N O  DI PO






RENCANA ACARA

RESEPSI PERNIKAHAN

BAGUS AGUNG  lAN RARA AYU ISNIARTI
Surabaya, 29 JULI 2008

8.       KIRAP TEMANTEN
9.       SUNGKEMAN / DULANG-DULANGAN
10.        ATUR PAMBAGIO
11.     SERAH TEMANTEN LAKI-LAKI
12.        PENERIMAAN PIHAK PEREMPUAN
13.        DO’A
14.        ISTIRAHAT PENUTUP.


































3.   KIRAP TEMANTEN
Ooooong cumlorote kembang wijoyo kusuma.
Hong wiheng sekaring bawono langgeng, trontong-trontong jagat wetan kaya-kaya jagat kulon ,katon indahing swasana muncar muruping kartika reduping rembulan ndadari ,semilire bayu lan asrine swasana mulyo , kabeh angiringi kontape para temanten kekalih anggen ira miwiti urip bebrayan agung kang dihiasi  gumebyare kembang  sakjagat. lan diiringi dampyak-dampyake para kadang sutrisno kang podho andum kabahagyan 
TEMANTEN KAKUNG ketingal gagah prakosa lan wibawa kadyo raden Kumojooyo  tumurun .Dene TEMANTEN  PUTRI kadyo Dewi Ratih mangejawantah. anenggih widodari kayangan kang mandhap wontening ngarco podo. Dasar ayu manis  cahyane kadyo ndaru,irunge mbangir,godeknya mangudup turi, cundhuke sekar melati, idepe pinungging rawit, ucape arum amanis, eseme gebyare kilat,busanane sutro diwongga, lembehane mblarak sempal, mlakune lengket-lengket koyo macan luwe. Katon indah saengga sapa wae kang ndeleng podho kesengsem lan ngelek idu.

Ooooong cumlorote kembang wijoyo kusuma urip langgeng tan kena ing pati.  Ooooong eeeeng swarane bende beri.

Kontape para wadyo bolo ingkang sami anyekseni anenggih  puniko para kadang sutrisna ugi Para pinisepuh, para priyayi agung , Para kadang muda taruna kakung saha putri sedoyo sami anyekseni  kabahagyan temanten kekalih ingkang lampahipun sajak manem grama . ingkang dipun emban lan dipun indit dening bapa biyung iro. Dipun tuntun  Mlampah tumuju pucuking pasewagan. Badhe anglenggahi kursi Gadhing Dhampar Kencana  jumeneng nalendra adek projo lan ratu  sedina.

Ingkang dipun  iringi  alunan swanten gamelan ngalungkung ugi gendhing lan tetembangan  ingkang kalaras nreyuhaken penggalih.

KEMBANG ADAS
SEDEP GANDANIRO KONGAS…….
IKU RADEN YEN JANMO O O O
SARANA KANGGO ING KARYA

LINTANGE SUMEBAR ING LANGIT PATING GELOBYAR
ORA ANA MEGA ORA ANA MENDUNG
REMBULANE NGEGLO SAK DHUWURE  GUNUNG
SASAT RATU SINING WOKO
LINTANG SEWU PADA NGEGLO







4.   SUNGKEMAN
RAMA IBU PUN PUTRA KEKALIH  nyuwun pangapunten ibu….
Awit kulo bayi abang, alit ngantos dumugi gedhe dewasa menika kathah cicip salah kula dumateng rama ibu.
Sameniko kawula sampun angawiti anggen kula badhe bebrayan somah,mugio rama ibu paring palilah dumateng kula kekalih supados anggen kula mlampah ngudi kautaman wonten jagat raya menika angsal berkahing Gusti Kang Murbeng dumadi. Rama ibu kula nyuwun pangestu rama ibu.

YA YA ngger anakku sakloron rama ibu paring palilah marang kowe kabeh disekseni para tamu kang melu kebak katresnan lan kabahagyan ngger .
Muga Gusti Kang Akaryo Jagat paring kamukten marang kowe kabeh, ora kurang sandang, pangan , bagya mulyo,supaya anggonmu bebrayan  nganti kaken-kaken ninen-ninen ora ana bebaya apa-apa lan uga kalis nir ing sambikala yo ngger.
Inggih rama ibu ………….

3. Rikala  sawek lenggah wonten ing  kursi Gadhing Dhampar Kencana.
    Anenggih  temanten kekalih sameniko sampun jumeneng wonten kursi gadhing dhampar kencana , amiwiti lenggah jumeneng nata praja lan adek ratu sadino. Lan nembe ngraosaken bagyo mulyo . indahing swasana ingkang tanpa kiniro.
Temanten kekalih awit ngrenda katresnan,kebak bungahing manah, renaning penggalih, ingkang dipun sebari mabyore kembang  sejagat kang sumebar arum gandanyo.

Jagad dewa bathoro…………
Kakang Mas AGUNG PAMUNGKAS gantilane atiku, kawulo rumaos manah kula kebak katrisnan dumateng panjenengan kakang mas…….. Ngantos raos ipun awit saking pucuking rikma  ngantos pucuing kuku raos eeenake kakang mas………

Iyo – yo dhi ajeng rara ayu ISNIARTI, aku semono uga ,rasane manah pun kakang yo kebak katresnan marang pun adhi kang tanpa ana batese. Mugo Gusti Kang Murbeng dumadi ngijabahi lan paringo kebahagyan iki langgeng saklawase yo dhi .










YEN ING BRINGIN ANA PUTRI ISNIARTI….
AGUNG NGENTENI TEKAMU
NANGING SAIKIWIS NYOTO  kang mas
KOWE DADI SISIHANKU

Dek semono janjiku
Disekseni mego kartiko kairing roso tresno asih
Yen ing tawang ana lintang cah ayu
Lungguhno jejering ati
Lintang –lintang ngiwi –iwi  ..yo mas
Ngenteni mantenan anyar mengko bengi..
DEK DINOsloso  PASARAN PON ..MAS
    PENGULU LAN PARA WONG TUWO
KABEH WIS SETUJU
AKU TRESNA SAK LAWASE YO KAKANG
IMBANGONO KATRESNANKU.

SUN KEKUDANG MBESUK SIRO
BANGKIT MENGKU
KAWURYAN TENTREMING URIP
KALAKON SAGUNG PANGGAYUH
BAGYO YUWONO NUMUSI
PINARINGAN KARAHAAAAAAAYON.

Nuwun –nuwun para kadang sutrisna mekaten mugi andadosaken kawigaten panjenengan sesami nuwun.


 PANGRACIK



KARNO DIPO






















































Tidak ada komentar:

Posting Komentar