Jumat, 19 November 2021
WULANGAN III KELAS 6
TEMA: TOKOH LAN
PENEMU
LATIHAN 1
Wacaen sing setiti !
Kancil Karo Monyet
Ing sawijine dina ing rimba utawa alas , ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lan lakune dhewe-dhewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet.
Ing sawijining
dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo
ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing lagi asik karo rotine. Utek
licike muncul pingin jupuk roti kang ana tangane Monyet.
"Nyet..Nyet..,"
undange Kancil marang Monyet.
Monyet marani
Kancil, "Ana apa Cil? Kowe ngundang aku?," takon Monyet.
Kancil :
"Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik bae aja akeh-akeh," jaluke
Kancil
Monyet :
"Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil :
"Suwun ya Nyet... koe pancen apikan, nanging aku wae sing maro,"
jaluke Kancil.
Monyet aweh roti
nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "piye...
koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro
rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti.
Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede
dicekel dewek.
"Cil... nang
ngapa ka gede gone koe?," takon Monyet.
Kancil :
"Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik
rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine neng
Monyet.
Monyet :
"urung Cil!! kue isih gede gone aku,"
Kancil njiot roti
sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya ngono iku seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil.
hihihihi
Akhire Kancil
mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti
malah ora tampa. Pancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kui
kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora
kaya jaman saiki urip pada karepe dewe-dewe.
A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor
iki kanthi patitis!
1. Apa
irah-irahane wacan ing dhuwur?
Wangsulan: ...................................................................................................................
2. Sapa sing dadi
lakon cerita ing ndhuwur ?
Wangsulan: .................................................................................................................
3. Kepriye sifate
kancil ?
Wangsulan: .................................................................................................................
4. opo oleh sifat
kancil ditiru ? apa alasane !
Wangsulan: .................................................................................................................
5. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing
duweni sayuto tipu daya.
Ana ing paragraf kaping pira ukara iku?
Wangsulan: .................................................................................................................
B. Wenehana tandha ping (X) a, b, c utawa d
wangsulan sing kokanggep bener!
1) Unen-unen Jawa, tegese ....
A. tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang ora nduweni
titikan
tartamtu
B. tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang nduweni titikan
lan
piguna tartamtu
C. tetembungan tartamtu kang endah
D. tetembungan sajerone ukara, kang kasusun miturut adat.
2) Unen-unen sajerone basa lan kasusastran Jawa cacahe
ana....
A. lima B.
papat C. telu D. loro
3) Sing
kalebu unen-unen Jawa, yaiku....
A. bebasan, paribasan, saloka B. bebasan,
saloka, pepindhan
C. saloka, paribasan, pepindhan D. saloka,
baradha, pepindhan
4) Sing padha antarane paribasan, bebasan, lan saloka yaiku
....
A. tetembungane tetep, cacahe ganep
B. tetembungane tetep, isine owah
C. tetembungane tetep, ora owah
D. tetembungane tetep, ganep, bisa owah
5) Sing mbedakake antarane paribasan kalawan bebasan lan
saloka ....
A. Tembunge lumrah, dene bebasan lan saloka tembunge entar.
B. Tembunge
lumrah, bebasan lan saloka tembunge endah.
C. Tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lugu.
D. Tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lumrah.
6) Tegese paribasan nututi layangan pedhot ....
A. Nindakake pakaryan kang angel kelakone.
B. Nindakake pakaryan kang gampang kelakone.
C. Nindakake pakaryan kang angel oleh-olehane.
D. Nindakake pakaryan kang gampang oleh-olehane.
7) Tegese bebasan kebo kabotan sungu ....
A. Wong kang kesrakat uripe merga dhemen apus-apus
B. Wong kang kesrakat uripe merga dhemen mangan turu
C. Wong kang kesrakat uripe merga kakehen anake
D. Wong kang kesrakat uripe merga kakehen pakaryane
8) Tegese saloka jer basuki mawa
beya ....
A. Amrih bisa mulya, butuh pangurbanan
B. Amrih bisa sugih, butuh utangan
C. Amrih bisa pinter, butuh sekolah dhuwur
D. Amrih bisa seneng, butuh mangan enak
9. Kerukunan
ndadekake kasantosan, longkrah ndadekake karusakan.
Paribasan sing cocok yaiku : ....
a.Rukun agawe
santosa crah agawe bubrah
b.Rukun agawe
sentosa crah agawe susah
c.Rukun agawe
santosa crah agawe bungah
d.Rukun agawe
santosa crah agawe duka
10. wong tuwa
sing rekasa uripe, amarga kangelan ngopeni anak-anake
Paribasan sing cocok kanggo ukara iku ....
a. anak polah
bapa kepradah b. kebo
kabotan sungu
c. sepi ing
pamrih rame ing gawe d. kebo
nusu gudel
11. Tembung “diwenehi”
basa ngoko aluse ....
a.
Dipun
paringi B. Diaturi C.
Diparingi D. Disukani
12. Supri kandha,
“Aku arep adus “. Yen digawe
ukara ora langsung ....
a.
Supri
kandha yen dheweke arep adus
b.
Supri
kandha menawa arep adus
c.
Supri
kandha yen aku arep adus
d.
Aku
arep adus, kandhane Supri
13. Ibu dhawuh
menawa aku kudu sregep sinau.
Ukara ora langsung kasebut yen diowahi dadi
ukara langsung dadi ....
a.
Ibu
dhawuh , “ kowe aja mung dolan wae !”
b.
Ibu
dhawuh, “ Kowe kudu sregep sinau ! “
c.
Ibu
dhawuh, “ Dheweke kudu sregep sinau !”
d.
Ibu
dhawuh, “ Aku kudu sregep sinau !”
14. Sinten
ingkang ngasta buku menika . Basa ngokone dadi ....
- Sapa sing mbekta buku niki ? B. Sinten sing nggawa buku niki?
- Sapa sing mbeta buku iki ? D. Sapa sing nggawa buku iki?
15. Yen diwaca latin ....
a. mundhak ajur b.
mundhak mundur
c. Bapak nganggur d.
Bapak macul
16. Aku tuku apel arep tak wenehake embah.
Basa kramane sing becik ....
a. Kula mundhut
apel badhe kulo sukakaken embah
b. Kula tumbas
apel badhe kulo aturaken embah
c. Kula tumbas
apel badhe kula aturaken eyang
d. Kula mundhut
apel badhe kula aturaken eyang
17. Gunung
Kelud mbledhos swarane banter setahun kepungkur.
Katrangan
ukara ing duwwur yaiku ....
a. Gunung Kelud b.
mbledhos
c. swarane banter d.
setahun kepungkur
18. Pak Muji mau
bengi ngombe jamu rong gelas gedhe.
Ukara
kang kacetak miring krama aluse ....
a. nginum
b. Ngunjuk
c. Nenggak
d. ngombe
19. Pak Misni
kagungan kersa mantu
Kagungan
kersa basa ngokone ....
a. duwe mantu b. duwe karep c.
duwe gawe d. duwe rencana
20. Adik dicaosi
arto ibu.
Tembung dicaosi benere ....
a. dicaosi b. Diparingi c. dipun paringi d. dipun aturi
21. Wingi
aku mangan sega pecel
Jejer ukara ing nduwur
yaiku ....
a.Wingi b. aku c. Mangan d.sega
pecel
22. Ibu tumbas rasukan ing
pasar
Wasesa ukara ing nduwur
yaiku ....
a. . Ibu b. tumbas c. Rasukan d. ing pasar
23. Wong kang ngalah bakal nemu kabegjan ing
tembe burine.Unen-unen iki
tegese ..
a. Njajah desa, milang kori b.Abang-abang lambe
c. Wani ngalah, luhur wekasane d.
Kenes ora ethes.
24. Babak belur, tegese
bonyok, lukane serius. Campur bawur, tegese ….
a. campur aduk
b. campuran
c. dicampu
d. kecampur
25. Cebloke mengisor, sing digoleki mendhuwur. Batangane ....
A. benik klambi B. andha pring
C. prau bocor D. gentheng bocor
C. Titik-titik ing
ngisor iki isenana kanthi pilihan A,B,C utawa D sing bener!
A.
basa ngoko lugu
B.
basa ngoko alus
C.
basa krama lugu
D.
basa krama alus
1.
isih
jam sepuluh weteng wis krasa luwe (.... )
2.
sampeyan
mangke dalu menapa tamtu tilem ngriki ? (.... )
3.
kengeng
menapa putra panjenengan kok mboten tindak
(.... )
4.
yen
ora ana alangan kowe mengko tak susul mrene ( ... )
5.
ingkang
sampun dipunsukani arta dereng angsal wangsul ( .... )
6.
sepurane
panjenengan ingkang asmane Bapa Handayo menika ? ( ..... )
7.
sepurane
ya, kagungan panjenengan mau isih takgawa mulih
(.... )
8.
kula
mangke sowan dateng dalem panjenengan kaliyan rayi ( .... )
9.
apa
sing kokjaluk kuwi pancen aneh, aku ora sanggup nggolekne ( .... )
10.Sakjane Pak
Hadi mau wis kondur nanging ora ngasta titihan (....)