Jumat, 19 November 2021

 


 

KARNO,S.Pd

 

BAHASA JAWA

KELAS 6 SD


 

 

ULANGAN 3

TEMA: TOKOH LAN PENEMU

LATIHAN 3

 

A. Wenehana tandha ping (X) aksara A, B, C lan D sangarepe pratelan sing bener!

 

1.Wacanen geguritan ing ngisor iki!

Rukun Agawe Santoso

Kadangku,

Elinga rukun agawe santoso

Aku lan kowe ora isa urip ijen

Aku lan kowe kudu urip bebarengan

 

Pesen kang dikandhut jroning geguritan ing dhuwur yaiku ….

A.         Aja ngandalake panguasa

B.         Aja rumangsa bener dhewe

C.         Dadi wong aja ngandalake donyane

D.         Wong urip kudu rukun marang sapadha-padha

 

2.Lintang-Lintang

Lintang-lintang abyor ing tawang

Cumlorot sliweran nalika alihan

Kumleyang menclok ing socamu asihku

Cahyane gumebyar sunare gilar-gilar

Ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

Miturut geguritan ing dhuwur, tembung ing tawang tegese….

A.         Segara                         B. bulan                       C. langit                       D. gunung

 

3.                     Gong

Dak deleng gong gumantung ing gayor

ana sing cilik ana sing gedhe

endah di sawang kepenak dirungu

 

Tembung kang kacetak kandel ana ing dhuwur tegese....

A.         gamelan kang dithuthuk

B.         alat kanggo nyantolake gong

C.         alat kanggo ngiringi tembang

D.         panggonan kanggo nyelehake gamelan

 

4.Pucung

Bapak pucungamung sirah lawan gembung

Padha dikunjara

mati sajroning ngaurip

mijil mbaka si picung dadi dahana

 

Tembang ing dhuwur arane tembang ..... 

A. pucung                    B. Asmaradana                        C. Kinanthi                   D.Pangkur

 

5. Cangkriman tembang pucung iku batangane ….

            a. gajah                       b. penthol korek                      c. kawat listrik d. sepur

 

6. Wacanen kang setiti!

Dolanan tradisional sejatine nduweni macem-macem kaluwihan ketimbang dolanan modern. Kaluwihan paling utama ing bidang edukasi kanggo anak, yaiku bisa ningkatake rasa trisna budaya.  Samestine dolanan tradisional bisa dilestarekake.

Isi pawarta faktual ing dhuwur yaiku ….

A. akibate dolanan modern                B. akibate dolanan tradisional

C. kaluwihan dolanan tradisional       D.edukasi neng jerone dolanan modern

 

7. Nalika oleh lara wis sesasi, saiki awake kari lunglit. Sing kalebu tembung

     camboran tugel ing ukara dhuwur yaiku ….

A. lara             B. Sesasi                      C. awake                      D. lunglit

 

8.  Masyarakat ing kampungku padha guyup rukun, ora tau gegeran.

     Sing kalebu tembung saroja ana ukara ing dhuwur yaiku ….

A. gegeran                  B. masyarakat C. Kampungku D. guyup rukun

 

9. Dadi bocah kuwi aja dawa tangane, amargo bisa ora nduwe kanca.

      Ukara ing dhuwur sing kalebu tembung entar yaiku ….

A.         dadi bocah                                          B. bocah kuwi

C.         dawa tangane                         D. ora nduwe kanca

 

10.       Jamuran, ya gegethok

             Jamur apa, ya gegethok

Jamur gajih, mbejijih saara-ara

Sira mbadhe jamur apa?

 

      Isine tembang dolanan ing dhuwur yaiku ....

A. welas asih lan tulung tinulung

B. rasa kormat lan guyup rukun

C. rasa kormat lan tulung tinulung

D. guyup rukun karo kanca lan tulung tinulung

 

11. Wacanen tembang iki! 

 

Mingkar-mingkuring angkara

Akarana karenan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih ketata pakartining ngelmu luhung

Kang tumrap neng tanah Jawa

Agama agenging aji

 

 

 

Tembang macapat ing dhuwur kalebu ….

 

Anak-anak di balik ilustrasi selimut putih, Anak, Bingkai kartun ...

 

 

A. Pangkur

B. Kinanthi

C. Asmaradana

D. Maskumambang

 

 

12. Lagu lan guru wilangane tembang ing dhuwur yaiku ....

A. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a       B. 8a – 8i – 8u – 8e – 7a – 8i – 8i

C. 8a – 11i – 8u – 7a – 12u – 8a – 8i   D. 8a – 11i – 10u – 7a – 12u – 8i – 8a

 

13. Unine swara saben pungkasaning gatra tembang macapat, diarani ….

A. guru lagu                B. guru wilangan         C. guru swara  D. guru gatra

 

14. Dene cacahe wanda saben gatra diarani ….

A. guru lagu                B. guru wilangan         C. guru swara D. guru gatra

 

15. Pakdhe panjenengan badhe tindak pundi ? Sajake kok penting sanget.

      Ukara kasebut nggunakake basa ....

A. ngoko                      B. ngoko alus   C. krama madya          D. Krama alus

16. Panjenengan kalawau punapa sampun ... saestu?

            A. ngombe                   B. Ngunjuk                   C. Nginum                   D. unjuk

 

17. Pakdhe lan Budhe ditimbali eyang wau enjing. Jejere ukara iku yaiku ...

A. Pakdhe                    B. Pakdhe lan Budhe   C. ditimbali      D. eyang Sastro

 

18.  Buta iki jenenge ….Wayang Kulit Purwa ( Gaya Surakarta ): Simpingan Kiri

a. Rambut Geni           B. Ku,mbakarno           C. dasamuka    d. Cakil

 

19.    Wayang iki jenenge ….Anoman Sang Pembebas | Wayang Indonesia

A. Werkudara  B. Anoman                   C. Dursasana   D. Wisanggeni

 

20. ꦕꦏꦿꦩꦁꦒꦶꦭꦶꦔꦤ꧀ Tulisan aksara jawa iki diwaca .

            A. Cakra baskara                                 B. Cakraningrat          

C. Cakra Geni                          D. Cakramanggilingan

 

21. “Candhang “yen ditulis aksara jawa ….

a. ꦕꦤ꧀ꦝꦭ                    B. ꦕꦤ꧀ꦝꦤ         C. ꦕꦤ꧀ꦝꦁ                         D. ꦕꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀

 

22. Wong kok tangane dibanda wae. Paribasan iki tegese ....

A.         wong kang tumindak ala

B.         wong kang dipala marang liyan

C.         wong kang males nyambut gawe

D. numindakake ala sarana kongkonan wong liya

 

23. Lemah kang dikanggoakake nadur lan tetanen palawija lan liya-liyane

     diarani ….

            a. pekarangan b. lapangan     c. tegalan        d. alun-alun

 

24. Tanduran kang wite mrambat ing lemah diarani ….

            a. palawija                   b. palakesimpar         

            c. pala kependhem      d. karang kitri

 

25. Piranti sing digunakake petani methik pari jaman biyen diarani ….

            a. arit                           b. ani-ani                     c. dos               d. pacul

 

B.         Isenana titik-titik ing ngisor iki kanthi bener!

1. Aku ditukokake Bulik sepatu. Yen didadekake ukara tanduk sing bener ...

2. Matura blaka ... ora perlu isin-isin.

3. Bapak lagi maca koran. Yen didadekne krama alus yaiku …

4. Bocah kui lungguhe antheng kitiran. Tegese sanepa ing dhuwur yaiku ....

5. Rukun agawe santosa, crah ....

      Paribasan ing dhuwur iku terusane sing bener yaiku ....

6. Saben panggonan iku nduwe cara utawa adat dhewe-dhewe

      Ukara ing dhuwur iku paribasane ....

7. “750” Yen ditulis nganggo aksara jawa ….

8. Basa ngoko lugu yaiku basa kang tembung-tembunge diucapake kanthi

    ngoko kabeh. Basa ngoko lugu iku ora pareng diucapake ....

9. Pipine duren sajuring, drijine mucuk eri, lembehane ….

10. Ngoyak bab sing cilik, kelangan bab sing gedhe ajine. Unen-unene ….

 

C. Apa tegese paribasan ing ngisor iki

 

 

1. Njajah desa, milang kori

 

Jawab : …

 

2. Abang-abang lambe

 

Jawab : …

 

3. Wani ngalah, luhur wekasane

 

Jawab : …

4. Durung becus kaselak besus

  

Jawab : ….

 5. Sabaya pati, sabaya mukti

 

Jawab : …

Tidak ada komentar:

Posting Komentar